أهلا وسهلا بحضوركم

Jumat, 06 Mei 2011

teatrikal n musikalisasi puisi "Lailah Syi'riyah"

indahnya pementasan teatrikal n musikalisas dalam acara _Lailah Syi'riyah" mahasiswa Jurusan Sastra Arab Fakultas Sastra Universitas Negeri Malang, , , Jum'at, 06 Mei 2011
syukron katsir tuk Ustadz Fuad n Ustadzah Hanik sbgi dosen pembimbing kami , , , pokoknya Nuhibbukuma Daaiman
n tak lupa kami ucpkn matur suwun sanget kagem Ustadz Kholisin, Ustadz Nurul, Ustadz Muhaiban, Ustadzah Nurhidayati, n para tamu undangan lainnya, Khususnya tamu undangan qt t'cinta dr Sudan yg ikut mMeriahkan acr kami.....
tentunya jg syukron biut tuk teman2 angkatan 2008 yg sllu rame n kompak......
semoga kita semua selalu dalam Lindungan Allah SWT

Minggu, 01 Mei 2011

Syair “Tanpo Waton” Karya Gus Dur

Syair “Tanpo Waton” Karya Gus Dur



بسم الله الرحمن الرحيم

أَسْتَغْفِرُ الله رَبَّ البَرَايَا ☺ أَسْتَغْفِرُ الله مِنَ الخَطَايَا
رَبِّ زِدْنِى عِلْمًا نَافِعًا ☺ وَوَفِقْنِى عَمَلاً صَالِحًا
يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك ☺ يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةَ يَاجِيْرَةَ العَلَمِ ☺ يَا أُهَيْلَ الجُوْدِ وَالكَرَمِ


Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji maring Pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan (2X)
Duh bolo konco priyo wanito
Ojo mung ngaji syari'at bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro (2X)
Akeh kang apal Qu;ran Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe nggak ti gatek ke
Yen isih kotor ati akale (2X)
Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepahese gebyar ing dunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto (2X)
Ayo sedulur jo nglalek ake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhid te
Baguse sangu mulyo matine (2X)
Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan sari ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo haqeqot manjing rasane (2X)
Al Qur'an qodim wahyu minulyo
Tanpo ditulis iso di woco
Ikuwejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo (2x)
Kumatil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan lan ing jerohan
Mu'jizat Rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman (2X)
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Ditirakati diriyadlohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali (2X)
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh ti naqdir saking Pengeran (2X)
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dursilo
Iku sunnahe rosul kang mulyo
Nabi Muhammad panutan kito (2X)
Ayo ngelakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate (2X)
Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese (2X)

يَا رَسُوْلَ الله سَلاَمٌ عَلَيْك ☺ يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَالدَّرَجِ
عَطْفَةَ يَاجِيْرَةَ العَلَمِ ☺ يَا أُهَيْلَ الجُوْدِ وَالكَرَمِ